Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Geguritan – Saka Nulis nganti Maca Kanthi Roso

 

Sumber: Foto by CanvaPro

Geguritan – Saka Nulis nganti Maca Kanthi Roso

Sastra Jawa iku pusaka budaya sing adi luhung. Salah siji wujud sastra kang isih lestari lan cocok diajarke ing sekolah yaiku geguritan. Geguritan iku puisi Jawa kang ngemu rasa, nasihat, lan nilai-nilai urip. Minangka guru SD, penting banget ngenalake geguritan marang para siswa wiwit cilik, supaya padha ngerti lan tresna marang kabudayané dhéwé.

Ing wacanan iki, panjenengan saged nemokaké tuladhane geguritan kanthi macem-macem tema, kaya ta:

  • Guru lan kawruh – nggambarake rasa syukur marang guru,

  • Alam lan lingkungan – ngajari siswa supaya tresna bumi lan ngopeni lingkungan,

  • Wong tuwa lan kulawarga – ngajari rasa welas lan ajining dhiri marang kulawarga.

Geguritan iki saged dados referensi sinau, ujian praktik basa Jawa, pentas seni, utawi kegiatan P5 ing sekolah.

Nulis geguritan iku ora kudu nganggo tembung-tembung kang angel. Miwiti wae saka roso lan pengalaman pribadi, banjur diolah nganggo tembung alus, sopan, lan nduwèni irama. Sing penting, geguritan iku kudu jujur saka ati.

Nalika maca geguritan, utamane nganggo metode ekstemporan, siswa bisa:

  • Ngapalake isi geguritan kanthi ngerti maknane, ora mung ngapal tembunge.

  • Nggunakake intonasi lan ekspresi sing pas, supaya luwih nyentuh ati sing ngrungokake.

  • Mikir kontek lan tema geguritan supaya bisa maca nganggo irama lan watak sing sesuai.

Ayo padha sinau lan nguri-uri kabudayan Jawa liwat geguritan!
📖✨ Geguritan ora mung diwaca, nanging dirasa lan dipahami karo ati.

Ibu Cahyaning Uripku
Guru Padhang Uripku
Kancaku Kang Setya




Posting Komentar untuk "Geguritan – Saka Nulis nganti Maca Kanthi Roso"